Pituture Mbah Nur
Nalika wayah esuk aku mapan
nggolek angeting srengenge neng ngarep omah. Mbah Nur, tanggaku sing saben esuk
liwat dalan ngarep omah, menyang kebon weruh aku banjur namatke, nyedhak,
nyikep lan nangis ngendikan,
" Mbak guru kowe iki loro opo kok sering
banget opname to?" Opo sing ko rasake mbak guru, awak mu yo esih apik
temen lemu, putih timpluk-rimpluk pipine, lan esih ayu "?
Yen tak etung pancen durung ana 2 tahun lan wis
ping 6 aku opname neng Rumah Sakit, sepisan opname isa punjul saka 10 dina. Aku
nganti isin karo tangga teparo, lan sedulur. Nanging kepriye maneh, pancen
ngene kahananne. Terus terang bingung lehku mangsuli pitakonanne Mbah Nur. Kepingin
mangsuli yen aku kena auto imun, minangka jenising penyakit kang nyerang sarap
lan otot. Panyebabe gangguan system imun, sistem imun sing kudune njaga awake
dhewe saka penyakit lhadalah lah kok malah ngalahake sarap lan otot sing waras.
Ngendikanne dokter panyebabe ana sing kleru neng saraf utama. Kaya mangkono
umpama dak wangsuli pitakonanne Mbah Nur, walah isa ketemu pirang prakara,
isa-isa malah panjenenganne melu mlebu Rumah Sakit merga ngelu mikir auto imun.
Hahaha
Ora let suwe dak rasa ora
becik yen ditakoni wong tuwa ko kora mangsuli. Yawis tak wangsuli sak isaku wae
karo mesam-mesem,
“Kula semlenget Mbah, mboten penak awak, kedah
nginep wonten Rumah Sakit kersane enggal mantun. Nyuwun donga pangestunipun
kemawon nggih Mbah, supados aparingan bagas waras kanthi sabaring manah kula
saengga saged nengga putra wayah kula.”
Mbah Nur banjur manthuk-manthuk sinambi ngresiki
banyu mata aneng pipine, dibusak nganggo lendhang kang sinampirake aneng pundhake.
Banjur Mbah Nur paring pitutur,
“Mbak guru urip kuwi digawe seneng ya, ora prelu
sepaneng apa maneh nganti mikir sing abot- abot, aja keselen apa maneh ngoyak
lenaning Donya. Sing sareh ya mbak guru, narima ing pandum, akeh dedonga marang
Gusti Allah kang morbeng dumadi, supaya diparingi bagas waras, dawa umure. Mesakke
anak-anakmu mbak guru, yen nganti ana apa-apa marang awakmu.”
Kanthi krenteking ati, gemetering lambeku nyauri
dongane Mbah Nur,
“Nggih Mbah insyaallah.”
Mungkasi pacelathon wektu kuwi, Mbah Nur ngendikan
maneh,
"Aja lali ya mbak guru pesenku mau, digatekake!”
“Nggih matur nuwun wejanganipun Mbah.” Mbah Nur
nerusake lakune menyang kebon.
Ora suwe, aku keprungu
kabar yen ta Mbah Nur seda. Piwelinge dadi pitutur kang ora mung mungkasi
pacelathon dina kuwi nanging uga mungkasi kauripan ing alam donya. Sugeng
tindak mbah Nur, mugi angsal papan panggenan ingkang sae wonten inga lam
akherat. Sak lawase urip bakal take ling pituture Mbah Nur dina kuwi…