Kamis, 29 Oktober 2020

Pituture Mbah Nur

Pituture Mbah Nur

Nalika wayah esuk aku mapan nggolek angeting srengenge neng ngarep omah. Mbah Nur, tanggaku sing saben esuk liwat dalan ngarep omah, menyang kebon weruh aku banjur namatke, nyedhak, nyikep lan nangis ngendikan,

" Mbak guru kowe iki loro opo kok sering banget opname to?" Opo sing ko rasake mbak guru, awak mu yo esih apik temen lemu, putih timpluk-rimpluk pipine, lan esih ayu "?

Yen tak etung pancen durung ana 2 tahun lan wis ping 6 aku opname neng Rumah Sakit, sepisan opname isa punjul saka 10 dina. Aku nganti isin karo tangga teparo, lan sedulur. Nanging kepriye maneh, pancen ngene kahananne. Terus terang bingung lehku mangsuli pitakonanne Mbah Nur. Kepingin mangsuli yen aku kena auto imun, minangka jenising penyakit kang nyerang sarap lan otot. Panyebabe gangguan system imun, sistem imun sing kudune njaga awake dhewe saka penyakit lhadalah lah kok malah ngalahake sarap lan otot sing waras. Ngendikanne dokter panyebabe ana sing kleru neng saraf utama. Kaya mangkono umpama dak wangsuli pitakonanne Mbah Nur, walah isa ketemu pirang prakara, isa-isa malah panjenenganne melu mlebu Rumah Sakit merga ngelu mikir auto imun. Hahaha

Ora let suwe dak rasa ora becik yen ditakoni wong tuwa ko kora mangsuli. Yawis tak wangsuli sak isaku wae karo mesam-mesem,

“Kula semlenget Mbah, mboten penak awak, kedah nginep wonten Rumah Sakit kersane enggal mantun. Nyuwun donga pangestunipun kemawon nggih Mbah, supados aparingan bagas waras kanthi sabaring manah kula saengga saged nengga putra wayah kula.”

Mbah Nur banjur manthuk-manthuk sinambi ngresiki banyu mata aneng pipine, dibusak nganggo lendhang kang sinampirake aneng pundhake. Banjur Mbah Nur paring pitutur,

“Mbak guru urip kuwi digawe seneng ya, ora prelu sepaneng apa maneh nganti mikir sing abot- abot, aja keselen apa maneh ngoyak lenaning Donya. Sing sareh ya mbak guru, narima ing pandum, akeh dedonga marang Gusti Allah kang morbeng dumadi, supaya diparingi bagas waras, dawa umure. Mesakke anak-anakmu mbak guru, yen nganti ana apa-apa marang awakmu.”

Kanthi krenteking ati, gemetering lambeku nyauri dongane Mbah Nur,

“Nggih Mbah insyaallah.”

Mungkasi pacelathon wektu kuwi, Mbah Nur ngendikan maneh,

"Aja lali ya mbak guru pesenku mau, digatekake!”

“Nggih matur nuwun wejanganipun Mbah.” Mbah Nur nerusake lakune menyang kebon.

Ora suwe, aku keprungu kabar yen ta Mbah Nur seda. Piwelinge dadi pitutur kang ora mung mungkasi pacelathon dina kuwi nanging uga mungkasi kauripan ing alam donya. Sugeng tindak mbah Nur, mugi angsal papan panggenan ingkang sae wonten inga lam akherat. Sak lawase urip bakal take ling pituture Mbah Nur dina kuwi…


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

KENANGAN HUT GURU 2021

  KENANGAN HUT GURU 2021  Hari ini, tepat setahun yang lalu peringatan HUT Guru Nasional ke 76 tahun 2021. Kala itu sekolah tempat aku men...